Dari Tegal…
Untuk Sastra Tegalan

Silah kupeng

Silah kupeng sadawaning wengi
Silah kupeng nganti jēmpēr
Raina sing gawē dzikir sangsaya leled
Jenthik penudhuh terus rēmbētan
Nglurut tut siji wijil tasbēh
karo ngēja asmaNē alon-alon :
“Ya Allah, Gusti…Gusti…”.Sekal dadi sepi.
Mung ana suwara sing lamat-lamat
adoh, nang awang uwung
Suwara lirih metu sing jero pulung ati
Awak sekal dadi atis.Balung krasa dilorod. Enyong nglempuruk..
Sawetara para Malēkat pirang-pirang padha jēntrēk
Nyebarna ganda ngluwihi arumē ratus wangi
Kumpul nang ngarep mihrab.Melu – mēlu dzikir.
“Duh Gusti, wis pirang ēwu enyong nyebut :
Asma Panjenengan, Nanging……”
Akēh sing nyong durung ngarti.
Enyong mung nurut kegawa langkah, kaya si pucung
Disurung ngalor – enyong ngalor
Disurung ngētan – enyong ngētan
Dikon mundur – nyong mundur.
Kaya undur-undur kebo bukur.

(Diilhami dari An Nur /24 : 41)

Satu Tanggapan ke “Silah kupeng”

  1. Waalaikum salam wr.wb. koleksi lagu tegalan sampun kulo simpen teng diskotik radio Pertiwi FM Slawi lan Gemilang FM Brebes. Kapan2 saged dolan teng griyo kulo,tembokluwung timur lapangan,atau belakang smp 5.


Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.