Puisi Tegalan
P r a s a s t i
M.Hadi Utomo)
Nang kéné,nang bumi dèsa Guci
wis tak pendhem siji prasasti
aranku sing tak ukir nang watu lintang
arané kowen sing tansah tak undang-undang
nganti dadi kemlandhang – moni saben ngimpi
Nang kéné,nang bumi dèsa Guci
bumi sing tansah teles
èsuk-èsuk wis adus grimis
bocah-bocah sang payungan godhong tales
tetawa jagung bakar
ana mbok tuwa ngiyub nang èmpèr kios
tetawa wortel karo godhong slada
Nang kéné, luhé kowen tau nètès nang gigir
kowen sing lèndhotan pedhut
sing ngawé-awé méga
nyawang umur sing semingkir alon-alon
karo ninggali pitakon
sing ora bakal tak jawab
embuh,embuh,embuh
Nang kéné, nang bumi dèsa Guci
ana prasasti sing wis tak pendhem
aranku
arané kowen
lebur dadi lemi
kèntir nang kali
(26 Januari 1998)
Nota Bene.
M.Hadi Utomo
(Catatan Pendek untuk L)
Ajuren bengimu sing peteng kaya langes
Ajuren dadi siji karo impènmu
Nganti pecahé srengéngé èsuk
Aja dirèwès, mbuh ana lindhu mbuh angin lisus
Aja dirèwès , aja
Kowen lalia nang kéné, lalia nang bantalku
Nang angin sing lagi nembang
Tetembangan wengi
Karo nyikep puisi
Sang Waktu
M.Hadi Utomo
Ngadega terus nang kono – aja mingser
Apa maning nglangkahi
ayang-ayangku
Ngadega terus nang kono – aja nganti
ora ngonangi
ana malingumur sing lagi mindhak-mindhik
arep nylius alon-alon
(akh….jebulé, sang waktu pancèn ora gelem krungu)
Surat (1)
M.Hadi Utomo
dina-dina sing balapan olihé padha nyuwèk tanggalan nganti kedawan-dawan olihé aku ngrasakna dhèwèkan sepi nglangut nang lelakon kiyé – sawetara kowen ndèyan lagi molak-malik tut salembar album lawas sajeroné ayang-ayang sing samar kowen weruh potreté dhèwèk lagi kawur kanginan nglayang ngawang-awang nang jèjèré pedhut lan mega – kowen karo aku sing tau mlaku pédhangan nang sikilé langit tapi saiki kowen karo aku persasat manjing maring kitiran waktu nganti ora bisa ogèt – malah sangsaya adoh mlesat jasad-jasadé wong loro dibanting nang jurang sepi nganti suwiwiné aku lan suwiwiné kowen padha sèngklèh lan tatu sing mangap amba krasa perih ngglèthak nang kéné nang jeroné jagad sing peteng griyeng – rokhé aku karo rokhé kowen manglih kaya lebu sing nèmpèl nang gegodhongan… O, Gusti..
Surat (2)
M.Hadi Utomo
Kowen arep ngentèni apa maning,manisku,sawetara langit sangsaya kèrem sangsaya kèrem , dalan setapak galengan sawah wis sepi nyenyet, sandhékala wis teka bengi wis mudhun,kowen arep ngentèni apa maning,manisku,nglangkaha gagiyan dibèrèsi koper-kopermu,kowen ora susah crèwèd takon werna-werna, aku karo kowen arep maring endi maning , embuh, sebab aku karo kowen pancèn ora tau duwé umah….O, Gusti…Gusti…
Nuwun sewu pak Hadi. Perkenankan saya numpang nitip salah satu tulisan saya. Kalau tidak berkenan mohon dimaafkan pak
“Tuku jagung nang wong ider
Tuku sate nang warung ttirus
Aja bingung aja keder
Digawe sante aja terlalu serius”
**************************
* Balada kang Drakup *
* Episode: miss communication *
**************************
Wektu kuwe awan-awan dina ahad pahing, kira-kira jam sangaan (9), kang Drakup lagi nangkring nang wuwungan umah, karo nganggo kacamata riben, kacamata ireng, kaya jaran lumping. Kacamatane gede, sampe nyaris bae nutupi raine kang Drakup. “Senajan nyong ora nggo topi, tapi pendelenganku adem temen…” kang Drakup mbathin nang jeroneng atine. Tapi ya pancen srengengene rada-rada njemberet, penther tur panas. Sampe-sampe sirahe kang Drakup sing gundul plontos katon kileng-kileng mencorong kaya kaca sing kena soroteng srengenge.
Nang ngisor kana, ujug-ujug ana suara lawang di bukak daning wong liyan. “kriyeeee…..t”, kira-kira kayakuwe monine. Ora suwe, krungu ana suara wong wadon nyeluk kang Drakup.
“Kang Drkup…, Kang Drakup….., rika nang ngendi kang..?”. Jebulane sing mbuka lawang tur celuk-celuk mau kae Yu Srinthil bojone kang Drakup.
“Niku Yu Srinthil apa ya…?”. Kang Drakup nyauti maring wong sing aruh-aruh mau sakang nduwur wuwung.
“Iya kang…, lha rika sih nang ngendi kang…?, koh ana suarane nanging oranana jogroge..?. Apa sampeyan wis dadi memedi apa ya..?” Ujare Yu Srinthil nyemauri.
“Hush…, aja kaya kuwe Yu. Kiye nyong lagi nang nduwuran wuwungan umah. Lagi ndandani gendeng sing pada bocor….”.
“O…, lha rika baen sing salah kang. Wong mau esuk sadurunge nyong mangkat nang kelurahan sampeyan ora matur disik”.
“Ya mau esuk nalika sampeyan mangkat nyong tesih ngleker turu. Muganeng aja kesuken nek mangkat Yu…”.
Ora suwe, Yu Srinthil sing wis ana nang jeroning umah terus jujug jagong nang meja komputer arep nyetel komputer. Nanging yu Srinthil madan kecewa, amergane komputere ora bisa di nggo, ora bisa di-Start. Sateruse yu Srinthil bengok-bengok gemboran sekang jeroneng umah, nyeluk-nyeluk kang Drakup sing lagi nang duwureng gendeng umah.
“Kang….!!!, kang….!!!!!, kiye kepriben sih….Komputere koh mati…..??!!!!!!”. Kaya kuwe ujare yu Srinthil.
Ora suwe, sekang duwuran gendeng kang Drakup mangsuli.
“Rika kepriben sih Yu….?, nek komputere urip ya mengko mlayu-mlayu”.
“Ora kaya kuwe kang maksude inyong. Komputere ora bisa ‘dinyalakena’. Ora bisa dijalanna”
“Haduh biyung….., bojone nyong wis nekat jebulane. Yu.., kyeh.., istighfar ya Yu.., komputere aja dinyalakena. Mengko umahe dewek kobongan. Mengko genine ngobong umah. Aja di nyalakena yu…, poma rong poma .., aja dinyalakena”. Kang Drakup karo ngelus-ngelus gundule bengok-bengok saking duwuran gendeng, karo sirahe thongal-thongol marang mengisor gendeng. Maksude arep ndeleng kahanane jeroneng umah. Nang pikirane kang Drakup, yu Srinthil lagi njukut bensin karo korek arep mbakar [nyalakena] komputer.
“Sing arep ngobong umah tuli sapa kang..?. Kiye komputere ora bisa jalan. ora bisa di nggo” Yu srinthil mbaleni mangsuli omongane kang Drakup.
“Komputer kuwi ora nduwe sikil Yu, dadine ya blih bisa jalan atawane mlaku. Tur ya ora bisa di nggo, sing di nggo ya klambi lan kathok atawane sarung…”.
Yu srinthil mbanjur jujug mlaku ngucluk maring dapur karo cincing-cincing jarike. Pas anjog maring dapur, langsung njikot garan/gagang pacul sing nggletak nang meja. Trus mlayu metu maring jaba. “Kang…, dadi wong lanang koh ora bisa ngerteni wong wadon ya rika..??!!!. Kyeh tampanana hadiyah istimewa sekang bojomu..”. Banjur yu Srinthil mbrengkolang kang Drakup sing esih nangkring nang wuwungan gendeng. Glothak……., “Aduh biyung…!!!!!! Gundulku…..!!!!!!!!! Tulung…tulung……”. Kang Drakup gemboran njaluk tulung nang duwur gendeng karo nyekeli sirahe sing gundul tur benjol merga di brengkolang gagang pacul daning yu Srinthil, bojone deweke.
TAMAT
mahesajenar - Maret 11, 2009 pukul 9:34 am |
Drakup apa Dro’up ? Soale aran Dro’up kuwe wis terkenal kanggo njuluki Tukang2 Becak awit tahun 80-an . Waktu kuwe Lagu Tegalan Man Dro’up sing ditembangna daning NAJIB (Balapulang, saiki mukim nang Jakarta) terkenal nemen. Matur nuwun wis gelem nggabung.
ccvcku - Maret 13, 2009 pukul 4:00 am |
Maaf terlambat balas.Saya kira sekarang tinggal di Balapulang.
ccvcku - Januari 30, 2011 pukul 5:01 am |